Bisa Ngrampingna Awak Lan Ngalusna Kulit, Kiye 8 Manfaat Kemuning

- Rabu, 22 Februari 2023 | 10:48 WIB
Kemuning. (Z Creators/Nurakhmawati)
Kemuning. (Z Creators/Nurakhmawati)

Salah siji tanduran obat tradisional sing durung dipangerteni wong akeh kuwe kemuning. Tanduran sing aran liyane Murraya Paniculata kiye duwe wangi arum lan seger.

Kemuning mlebu tanduran semak, akeh cabange, duwure bisa tekan 7 meter. Kembang kemuning jumlahe ana 1-8 bunga warna putih lan wangi. 
 
Tanduran sing asale saka India kiye uga sering digunakake kanggo obat tradisional. Kiye manfaate kemuning dipetik saka buku “Vademekum Tanaman Obat untuk Saintifikasi Jamu”:

1. Penandhang Lara lan Antiradang

-
Kemuning. (Z Creators/Nurakhmawati)

Manfaate kemuning sing nomer siji iku ngatasi lara lan peradangan. Kemuning duwe kandungan zat aktif sing dipercaya efektif bisa nandhang gejala lara lan peradangan.

Kanggo entuk manfaate, kowen mung perlu nggodog 15-30 gram oyod kemuning ditambah jahe abang saakehe 15 gram suwene 15 menit, diombe sedina sepisan.

2. Ngrampingna Awak

Kiye likuh idamane para emak-emak duwe bobot awak ideal. Godong  kemuning  bisa mbantu gawe mudun bobot awak loh.  Kanggo olih khasiate, jukut 15 gram godong kemuning seger lan 15 gram godong mengkudu seger, uga temu giring  30 gram. kabeh bahan dialusna, ditambah 210 ml banyu diperes lan disaring, diombe esuk-esuk hari sadurunge sarapan. 

3. Infeksi Saluran Kemih

-
Kemuning. (Z Creators/Nurakhmawati)

Godong atawa oyod kemuning uga duwe khasiat ngobati infeksi saluran kemih. Kowen cukup ngombe banyu godogan godong kemuning atawa oyod kemuning sing garing 9-15 gram kamben banyu 110 ml, diombe  sedina sepisan.

4. Haid Ora Lancar

Kanggo wong wadon sing duwe keluhan haid ora lancar, bisa dicoba ramuan kiye. Godong kemuning seger  9 g, godong pacar kuku seger 9 g, lan rimpang temulawak 1 driji digodog kamben 2 gelas banyu suwene 15 menit, diombe sedina ping pindo.

5. Watu Saluran Kemih

Kemuning uga bisa digunakake kanggo ngobati watu saluran kemih, carane 150 gram godong kemuning seger digawe jus, disaring, terus banyune diombe, rutin saben dina nganthi kondisine luwih apik.

6. Abuh

Halaman:

Editor: Yayan Supriyanto

Tags

Terkini

X